Sasi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sasi iku satuan wektu, dipigunakaké jroning kalèndher, sing suwéné padha karo periode alam sing magepokan karo obahing bulan.
Konsèp tradhisional iki diwiwiti kanthi puteran fase bulan; sasi kasebut yakuwi sasi sinodik lan suwéné 29,53 dina. Periset wis nyimpulaké yèn wong ngitung dina magepokan karo fase bulan wiwit jaman Paleolitik. Sasi sinodik isih arupa dhasar saka akèh kalèndher.