Abad

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Abad iku petungan wektu kang dietung sepuluh dasawarsa utawa satus taun sepisan. Miturut kalèndher Gregorian, Abad kapisan (abad-1) diwiwiti ing tanggal 1 Januari taun 1 lan mungkasi ing tanggal 31 Desember taun 100. Déné abad kaping-2 diwiwiti ing taun 101, abad kaping-3 diwiwiti taun 201 lan saterusé. Sacara umum bisa dipigunakaké rumus: Abad kaping-n diwiwiti ing taun 100xn - 99. Jroning sawijining abad mung ana siji taun sing diarani taun sèntènial (centennial), yakuwi taun sing angka wiwitané nuduhaké jeneng abad. Conto taun 1900 minangka pungkasan saka abad kaping-19.

[sunting] Abad kaping-0

Jroning sistem kalèndhèr Gregorian ora ana abad kaping-0, semono uga ora ana taun 0. Dadi saka taun 1 SM (sadurungé Masehi) mlumpat menyang taun 1 M (Masehi).

[sunting] Wacan

The Battle of the Centuries, Ruth Freitag, U.S. Government Printing Office. Available from the Superintendent of Documents, P.O. Box 371954, Pittsburgh, PA 15250- 7954. Cite stock no. 030-001-00153-9.

[sunting] Deleng uga


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Abad&oldid=651655"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès