Dina

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Dina (ngoko) utawi dinten (krama) punika unit wekdal. Dangunipun inggih 24 jam utawi 1.440 menit utawi 86.400 dhetik.

Ing Jawi, wonten manéka warna dinten. Menawi ningali ing prasasti jaman kina, wonten tigang (3) jinisipun dinten.

Bab lan Paragraf

[sunting] Saptawara

Saptawara punika kados dinten kang limrah dipun angge sapunika, inggih punika wonten pitung (7-sapta) dinten:

[sunting] Pancawara

Pancawara punika ugi asring dipunwastani pasaran utawi peken kanthi pétungan gangsal (5) dinten. Ing salebeting sistem pananggalan Jawi lan Bali, wonten kalih jinis siklus wekdal: siklus minggon lan siklus pasaran. Ing salebeting siklus minggon, setunggal minggu dipunpérang dados pitung dinten, kados déné ingkang dipuntepangi sadinten-dinten inggih punika dinten Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah, Setu, lan Ngaat utawi Minggu. Ing salebeting siklus pasaran, setunggal pasar utawi peken dumados saking gangsal dinten pasaran inggih punika: PahingPonWagéKliwonLegi1/umanis2.

Miturut kalèndher Jawi, saben dinten lan tanggal ing sistem kalèndher Masèhi tansah nggadhahi kalih werni nami dinten. Tuladhanipun: tanggal 1 Januari 2001 punika dinten Senèn - Pahing, salajengipun tanggal 2 Januari 2001 dinten Selasa - Pon, lanjeng dipunterasaken dinten Rebo - Wagé, dipunsusul dinten Kemis - Kliwon, Jemuwah - Legi, Setu - Pahing, Ngaat - Pon, Senèn - Wagé, Selasa - Kliwon, lan saklajengipun. Kombinasi kalih jinis dinten puniki ngantos sapriki taksih dipunanggé ing panerbitan tanggalan utawi layang kabar abasa Jawi, kados Koran Kedaulatan Rakyat ingkang kababar ing kitha Yogyakarta.

[sunting] Sadwara

Sadwara punika nganggé pétungan enem dinten. Para ahli arkeologi nduga bilih sadwara punika asli saking Jawi. Sapunika, pétangan punika mboten dianggé malih ing Jawi. Ing Bali, pétungan dinten punika taksih dipun anggé.

[sunting] Mangga mirsani

[sunting] Pranala jawi

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Dina&oldid=750429"
Piranti pribadi
Ruwang nama

Varian
Tumindak
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès